english omah
fragmen
Lahir ing sawijining rumah sakit cilik ing kecamatan Salaman ing tlatah Magelang taun 1975. Desaku, Sidomulyo, iku dikupengi dening gunung-gunung. Ana uga jajaran pegunungan Menoreh kang kawentar iku.

Aku nduwe sedulur cacah pitu. Pancen keluarga kang gede. Nanging malah nyenengake, rame banget. Bapakku, Teguh Rahayu, nalika isih sugeng ngasta guru. Mula ora aneh yen enem sedulurku kuwi uga dadi guru. Bapakku seda taun 1995. Sawetara ibuku, Sumarliyah, dodolan mbako ana pasar.

keluargaku dudu keluarga kang sugih. Anak kang akeh lan dadi guru, iku alasane. Nanging apa kang kurang yen keluarga tansah guyub ? Raja brana ora njamin apa-apa. Malah terkadang tansah gawe kuatir.

Nalika cilik, aku asring diajak bapak nonton wayang. Malah nalika aku ngancik tanggap warsa kaping pitu, bapak nanggapke wayang. dalange wedok. Nanging aku lali lakone apa. Bapak uga tuku wayang sak perangkat Pandhawa. Sak liyane iku, bapak uga ngajari nabuh gamelan. Pancen ing keluargaku, yen lanang mesti diajari gamelan. Yen wadon, diajari nari. Aku wus nate ajar nari, nanging tansah ora bisa.

Ngancik umur dewasa, aku kuliah ing Semarang, njupuk jurusan ilmu komunikasi ing Universitas Diponegoro. Iku ing taun 1993. Kuliahku rada suwe, lulus 1999. Aktif nang kalawarti kampus, Majalah Opini, marakke aku lali marang kuliahku dewe. Isih untung bisa lulus, kanti skripsi tentang gender.

Lulus aku bingung arep nandi. Nalika isih sekolah biyen, aku duwe pepinginan macem-macem, saka dalang, petani, ahli komputer, penulis lan uga wartawan. Pepinginan terakhir iki sing akhire dadi punjering gawean. Awale aku pindah-pindah nang sawetara tabloid ing Semarang. Ora betah aku pindah nang Surabaya, nyambut gawe nang koran Surya. Iku uga ora gawe betah.

Akhire aku mulih. Nganggur enem wulan. Aku mangkat Jakarta nalika entuk panggilan kerja nang majalah Cakram. Ing kalawarti periklanan iki, aku mung betah limang wulan. Sak wise iku aku pindah nang Tempo, dadi reporter ing Tempo News Room. Rada mumet, masalahe tanggung jawabe marang telu media, Tempo Interaktif, Koran Tempo, lan terkadang Majalah Tempo.