omahÖÖÖaku

Nalika cilik, aku seneng tokoh Bagong. Paraga lucu lan anak ragil. Terus ngancik SD, aku pindah seneng Werkudara. Kukune sing sekti, Pancanaka, tak tiru kanthi ngingu kuku jempol. Ora suwe seneng Werkudara, aku malih seneng Wisanggeni lan Antasena. Nalika iku aku ditukoake kaset wayang lengkap lakone "Wisanggeni Racut". Sak jane aku luwih seneng Antasena, tekan saiki. Wonge ora bisa basa krama, kecuali karo Sang Hyang Widhi. Wisanggeni, sing unsure geni, kalahe karo Antasena. Semono uga Antasena, kang unsure banyu, kalahe mung karo Wisanggeni. Wisanggeni iku ragile Janaka, lan Antasena ragile Werkudara. Wisanggeni wonge pinter lan trengginas. sawetara iku, Antasena sederhana, lugu, lan blas ora tau macak. Ora nganggo sumping, utawa hiasan liyane. Mung jaritan lan gelungan thok. Deweke bisa ambles bumi utawa nyilem, maklum ibune urang. Sayange, Antasena ing versi Solo beda karo versi Yogya. Ing versi Solo, Antasena iku jeneng liyane Antareja, anak mbarepe Werkudara. Sing tansah tak pingini, aku nduwe wayang Antasena. Nalika SMA, aku wus nate diparingi bapakku wayang Sadewa, ragile Pandawa. Sadewa iku wonge pinter, terkadang dadi gantine Kresna yen Kresna lagi ora ana. Deweke ahli pertanian.

Jenengku dewe dijupuk saka jeneng wayang, nanging saka crita Ramayana, yaiku Gunawan Wibisana. Ing antarane sedulur-sedulur liyane, Gunawan Wibisana iku kang paling lantip lan ngugemi kabeneran. Mula saka iku, nalika Dasamuka perang lawan Sri Rama, Wibisana malah mbela Rama. Deweke ora seneng mbela kangmase, Dasamuka, amarga pokale sing ngrebut bojone liyan. Padahal, Sinta iku sak jatine anakke Dasamuka dewe sing dijupuk Gunawan Wibisana banjur diganti bayi lanang, Indrajit. Indrajit kacipta Gunawan Wibisana saka mendung, mula jeneng liyane Indrajit Megananda. Dasamuka ora kepingin nduwe anak wadon, yen wadon bakal dipateni.

Ngomong-ngomong masalah Gunawan, ping loro aku nduwe nduwuran sing jenenge Gunawan. Nalika ing majalah Cakram, Pimpinan Redaksiku jenenge Muhammad Gunawan Alif. Lan nalika ing Tempo, aku nemoni Gunawan Mohammad sing saiki dadi Redaktur Khusus. Apa mungkin aku ketampa ing kono merga jenengku Gunawan ? Wallahualam.

Kasenenganku nonton wayang diajari bapak. Bapak asring ngajak nonton yen ana undangan. Nanging dasar bocah, senenge mung nonton gara-gara thok. Bapak biasane nggugah aku yen wis gara-gara. Yen ora ana undangan, paling-paling nyetel radio sing ana wayange. Mula bapak yen ana siaran wayang nyetel radione seru banget, nganggo salon. Aku dadi seneng.

Yen ora ana siaran wayang, sak durunge bobo, bapak asring nyritani crita wayang. Terkadang karo ngelus-elus rambutku. Nanging bapakku ora seneng marang kucingku, jenenge Lusi. Sak jane aku bola-bali nduwe kucing liyane, jenenge Coco, Rico, Hamlet, lan Ophelia. Nanging marang Lusi beda. Amarga Lusi iku seneng ngeloni aku. Deweke asring teka nang paturonku, aku isih kelon karo bapak ibu nalika SD. Deweke lagi lunga yen aku wus turu angler.

Yen pas tangi esuk, aku kudu weruh ibuku ing tempat paturon. Yen ora ana aku nangis, lan njaluk ibu sare maneh lan tangine bareng. Jenenge bocah, nakal iku lumrah. Nanging ana sing nganggep nakalku ora lumrah. Nate saking dukane, bapak mbuang aku ing kolam sing isine mbelek pitik. Ya maklum wae nek mambu tai.

Nakalku terkenal ing SD-ku. Yen pas aku ngamuk, kelasku mulih gasik. Masalahe kursi lan meja pating jempalit lan rusak. Terkadang aku ngganggu kancaku, tanpa alesan, sekedar iseng. Yen pas aku nesu ora ana guru kang wani nyeneni. Malah nalika pelajaran, aku asring mlaku-mlaku dewe, pokoke terserah aku. Ngamukku sak janne gampang ngatasine. Aku meneng yen ngadep buku wacan akeh. Biasane aku ditinggal ing perpustakaan. Gumunku, buku-buku ing perpustakaan iku ora nate disilihake, ya paling-paling aku thok. Mungkin gurune keset kabeh. Maklum gajine sithik.

Ngamukku ing sekolah mari pas aku ngancik kelas papat. Ing kelas papat aku diajar Pak Darto. Wonge seneng crita, Semono uga ing kelas lima, aku diajar bu Wati. Bu Wati iku anake Pak Darto. Bu Wati uga seneng crita. Saiki, Bu Wati isih ngajar lan nduwe garwa tentara, yen Pak Darto wus pensiun.