diri
omah
Air mancur kuwi, embuh ngapa, tansah gawe keprananing ati. Banyu kang mumbul, kanti bebas nyiprat simetris ing tengahing blumbang cilik ing cedak undak-undakan. Kadang aku pingin leren ing kono dhewekan, sinambi nyawang banyu bening kuwi. Pancen krasa tentrem tenan. Asringe aku rene yen arep njupuk duwit ing ATM. Ing gedung kuwi ana ATM papat, yaiku Bank Bali, BCA, Lippo, lan BNI. Kadang antri dawa, nanging ya kadang sepi. Wayah rame wong njupuk duwit nalika wong pada ngaso awan. Pegawai kantor-kantor ing kene biasane ngaso jam siji tekan jam loro.

Kawasan iki dibagi telung bagian. Perangan gedung sisih kidul dewe iku isine ATM-ATM mau. Ana uga kafe lan kantor perjalanan wisata. Kantore kancaku, Setyo uga ing kono. Jenenge Excutrain. Gedung sing tengah akeh kaisi kafe-kafe larang. Ana sing khusus panganan Perancis, Thailand, Korea, China, utawa Amerika. Ning sing paling kondang ya News Cafe. Aku ping pisan thok rene. Ora ana bedane, menurutku. Bedane panggonane sing remeng-remeng lan terkadang ana band sing main.

Yen ing wayah wengi akeh banget wong-wong kanti sandangan larang mrene. Wong-wong kuwi mrono nganggo kendaraan pribadi sing ya ana sopir pribadine dhewe. Mbuh apa maksude, kamangka ya isa nyetir dhewe. Ing mburine gedung kuwi pancen ana gubug khusus kanggo nongkrong para sopir. Basa sing digunaake wong-wong kanti panyandang larang mau werna-werna. Ana sing bule uga ana sing Asia. Rata-rata resik lan sing wadon ayu-ayu. Sawetara kuwi perangan gedung pojok lor dienggo kantor pusat Bank Universal. Ana uga bank BCA. Dadi ing kene ana ATM BCA loro.

Yen sinawang saka ngarep, gedung-gedung kuwi katon coklat bata. Pisanan aku rene bingung, lapor sik karo satpam Setiabudi Building iki apa ora ya ?

Yen aku mangan, ora bakal aku niat lungguh ing kafe-kafe mau. Mending nang mburi gedung kuwi. Ing kono akeh warung-warung kang cocok karo drajat gajiku. Sing paling enak, ing rasaku, iwak bawal ing cedak Puri Matari, kantorku mbiyen nalika ing Cakram. Nanging ingkang paling asring ya nongkrong ing bakul rokok persis cedhak gerbang mburi. Nruput teh botol sinambi udad-udud nyawang wong liwat. Anggere aja pas banjir. Nalika Jakarta banjir gedhe, daerah kene katutup banyu watara 10 sentimeter.


Akeh wong kumpul ing ruang sebelah. Saka kene, winates lawang kaca, aku lungguh ing sofa putih. Bandul seka jam lemari kuno goyang-goyang alon, jarum nunjuk angka sanga, iki pancen wis wengi, kudune aku wis nang ngomah. Akeh keramik ing ruang tamu iki, seka sing cilik-cilik tekan sing duwure sak meter luwih. Akeh-akehe dipajang ing bupet. Angin seko AC pojokan nlusuri kulit kanti lembut.

ing ruang sebelah, Kwik Kian Gie katon semangat njelaske obligasi lan utang-utang liyane. Netrane katon ana cahya, semangat tenan. Adi Sasono kang sebaris, uga katon minat. Utawa ethok-ethok minat ? Sampinge Kwik persis, Jimly Ass-Sidiqi katon rekasa pingin ngusir bosen. Aku yakin, deweke ra mudeng.

Sound system ngadat , kurang luwih sak menit. Kahanan iki ora pengaruh marang Aman Wira Karta Kusuma, rektor IPB ing baris paling ujung. Deweke asyik karo PDA-ne. "Pertemuan ini sudah kehilangan makna," jarene Fuad Bawazier nalika ngobrol karo aku mau.

Siji-sijine wong wadon ing rapat kampungan iku, Tutty Alawiyah, katon bingung. Sirahe kang dikrudung kuning menga-mengo. Kesasar ya Bu ?

Aman mikir, terus nerusake ngetik ing PDA-ne. Katone deweke ra peduli Kwik ngoceh apa.

Sawetara iku sing nduwe omah, Ali Marwan Hanan, asyik nulis apa sing diomongake Kwik. Menteri siji iki katon serius. Nanging aku ragu deweke paham. Aku kelingan nalika deweke crita ing DPR mbiyen. Nalika iku deweke isih ketua fraksi, durung dadi menteri. Deweke crita masalah skripsine mbiyen dek jaman kuliah ing Palembang. "Cuma 20 lembar," Ali ngomong karo aku kanthi bangga. Jarene, skripsine rampung 2 minggu, ngenani UUD. Aku mung mesam-mesem nalika iku. Katone, aku luwih pekok timbang deweke.

"Enak mendengar Pak Kwik bercerita," omonge Jimly nalika Kwik rampung pidato. Sak wise iku Adi Sasono crita yen deweke bar seka Riau."Di Riau 47 persen dibawah garis kemiskinan," omonge. Tai, batinku.

Piye yen wong-wong kuwi rapat nanging ora nggo klambi ? Ali Marwan lan Soetjipto mesti lucu merga gendute. Apa Din Samsuddin gelem wudha ? Yen wudha, deweke terangsang ra karo Tutty Alawiyah ? Embuh ah, mendingan mangan jajan pasar ing meja wae.


dinosaurus adus
ing televisi
cah lanang lethek
ngrokok ing cedhak panggung
cah wadon loro, lanang siji
klambine abang
aku
mangan french fries lan rootbeer
:swara bising
kursi lan meja ditata rapi
kanti tv ing saben pojokke

mejaku wernane toska (ana artine ?). ing ngarep "Ikan Bakar Marijo" sepasang menungsa sing lagi ngobrol; sing cewek isih enom, manis, putih, lan katon keurus kawit bayi, tipe wong sing ora tau luwe, padahal awake kuru. lan lebu, katone ora tau mampir ing kulite. jejere ana cowok kumisen, enom, lan klambine ireng. brengose lucu, cocok dadi pelawak. brengos iku katon dipeksake ana. wong loro kuw mangan masakan jepang. aku ra mudeng jenenge.

tv loro ing pojok ngarep lagi majang video klip Geri Helliwel. embuh lagune apa. Kanggo menungsa sing jarang nonton tv kaya aku, gambar apa wae ing tv katon apik.

ana dessy, kancaku ing Cakram. katone deweke ora weruh aku. deweke lagi bareng-bareng karo sepupune.

mripatku bali marang sepasang menungsa mau, Si Brengos lan Si Ra Tau Luwe. Cewek kuwi lagi ngomong, karo hp-ne. ketoke larang.

didik sss mulai mainke Antonios Song nganggo saxophone. musik mulai ngalun kaya umume jazz, simpang siur ning tetep katon endah, ngajak tiap pojok ruang ambyuh ing simpang siure. Saiki, wis ra ana meja utawa kursi kosong. Si Brengos Lucu lan Si Ra Tau Ngelih wis lunga. Lagu-lagu mulai wira-wiri, ana Just One. Ra terlalu jazz memang, nanging lumayanlah. aku ra ngerti jenenge sing lagi nyanyi, mungkin alex, farid, utawa paijo ? sing jelas ireng maulana mulai main gitar, klambine coklat, ngomong bla bla bla...Friday Jazz Night ing Pasar Festival


Jam ngancik wayah esuk ngadepi awan. Bangku-bangku permanen dicat ireng, siji-sijine disusun seri. Jobinne coklat semu kuning. Mirip bata. Lan sakane njulang kanthi ukiran ing pucuk-pucuke. Asbak lan bak sampah iju, disusun kadya rantang gendurenan. Sawetara iku, taksi lan bis Damri wira-wiri nggoleki penumpang ing dalan, lan tempat parkir diisi mobil-mobil pribadi, sing aku yakin ora bisa tuku, saiki.

Katon wong wadon tuwa, yuswane wis simbah-simbah. Deweke nganggo kerudung kuning lang ngagem jarit batik coklat kuning. Klambine gambar kembang lan tas-e ireng kinclong. Mesem-mesem saja asyik namatke bocah cilik sing usil, lan wong lanang kang lagi ngleboake koper-koper ing kereta barang. Deweke banjur mlangkah ninggalake kursi ireng iku, persis ing ngarep loket Mandala Airline terminal C Bandara Soekarno-Hatta. Sak banjure ilang ing lawang mlebu karo wong lanang nganggo klambi werna pink.


Umume, wong kang mrene nduwe masalah. Mobil-mobil mewah katon ing parkiran. Wong-wong kang nganggo sragam coklat iku katon gagah. Ning terkadang katon njelehi.

Ana paraga unik ing daerah iki. Jenenge Partini. Ngakune anakke Soekarno, mantan presiden playboy iku. Senenge nganggo klambi coklat lan biru. Iki sing marake aku sengit, werna iku werna favoritku. Wonge katon gendeng, yen ngomong cepet tanpa bisa mudeng wong sing ngrungoake.

Kanca-kancaku sering nggoda deweke. Umure sekitar 40-50 taun. Nanging, menurut info saka pusat, deweke intel seka Mabes Polri. Wis tak kira !

Paraga aneh kaya ngene iki uga bisa ditemoni ing DPR. Paragane senengane nganggo blangkon. Yen ora, rambute sing gondrong dikucir kaya prajurit jaman kethoprakan. Ngakune seka Ngawi. Aku ora percaya. Deweke katon akrab karo polisi ing wilayah kuwi. Paraga kaya ngene iki, kadang-kadang diselingi karo 'aktor' liyane. Pakeane uga aneh, nganggo klambi putih kaya kyai kampung golek tampang. Biasane deweke nyapa uwong kanti "Hai Friend !"

Bali marang panggonan mau. Gedunge katon ora kopen. Padahal ing daerah iki, pagawe-ne akeh sing nduwe mobil luwih seka siji. Nomer-e uga nomer-nomer pilihan.
Aku sering ndeleng wong diajar ing kene. Rai rusak, kuping metu getihe, lan awak kebak tatu. Biasane ngajare macem-macem lan rame-rame. Ana sing diidak nganggo sepatu nalika deweke sila. Utawa ditendang seru dening wong akeh. Utawa dikeplak. Utawa diantem. Pokoke kabeh variasi ngajar wong ana ing kene.
Aku uga sering nonton pejabat lunga mrene. Apa maneh bekas pejabat, sering banget. Tak pikir, wong-wong kuwi kenthir kabeh.

Ing sisih ngarep cedhak penjagaan, mobil mewah colongan baris. terkadang dinggo mubeng-mubeng karo wong-wong sragam coklat mau, metu seka Polda Metro Jaya kene.