omahÖÖÖaku

Bapakku kawentar ing daerahku amarga seneng wayang lan gamelan. Bapak luwih duwur tinimbang aku, ireng pakulitane. Padahal jarene, nalika enom ngganteng lan putih. Mungkin merga seneng ngunjuk anggur. Bapak mari ngunjuk anggur pas wus meh sedane. Anggure biasane anggur Malaga utawa cap Gemini. Yen ngrokok linthingan, lan terkadang Gudang Garam kretek.

Bapakku uga dikenal lucu. Deweke tipe wong sing seneng pesta. Nanging sibuk banget, yen tindak esuk banget sak durunge jam enem lan kondur jam sanga munggah. Jarene, mbiyen bapak duwe grup kethoprak. Nalika iku aku durung lair. Ibuku dodol karcis. Bapak uga wus nate dadi penyiar khusus crita-crita jawa ing radio. Mula ora aneh yen critane akeh.

Nalika aku ngancik dewasa, aku asring diskusi lan debat marang bapak. Aku nganggep bapakku iku priyayi kang terbuka lan tanpa tedeng aling-aling. Akeh wong sing panas kupinge yen krungu ngendikane sing blak-blakan iku. Ning terkadang aneh. Wis tau, dolan-dolan numpak pit montor nganggo wig, kaya wong edan. Akeh wong pangling. Aku dewe wis tau diojok-ojoki nganggo blangkon nang sekolah. Aku manut wae, kanggoku ide kuwi menarik. Mula ing SD aku asring nganggo blangkon.

Beda lawan ibuku. Ibuku wonge lugu lan ora seneng aneh-aneh. Deweke tipe wanita jawa tenanan. Manutan lan jarang protes. Nanging aku lan sedulur-sedulurku pada manut marang ibu. Ibuku ora nate duka, isane mung nangis. Yen ibu ngendika ngenani samubarang, berarti masalah iku wus gawat tumrape ibu. Lan iku wus ora bisa dibantah. Bapak dewe ora wani mbantah ibuku yen wus ngendika. Mergane, yen ibu ngendika masalah kuwi wus ora bisa digagas maneh. Nate, bapakku arep dicalonke anggota DPRD, ibuku ora setuju. Padahal bapak kepingin banget. Nanging bapak ora wani. "Politik marakke rusak," jare ibu. Ibuku wonge gemi, beda lawan bapakku sing boros lan seneng jajan.

Bapak seda amarga kanker paru-paru. Bapak wus dirawat ing Sardjito suwe, nanging pancen wus dadi pinesthine. Nalika bapak seda, aku lagi ing Semarang. Wengi iku Mas Moko, anak nomer enem, teka nang kosku bareng karo Eko, kancaku SD. Jarene kon ndang mulih. Pas tekan ngomah wus akeh wong, mbakyu-mbakyu lan mas-masku matane pada abang. Aku rada kaget, setengah ora percaya. Aku terus nyedaki kunarpane bapak. Isih anget. Aku maca sak isaku ing ngarepe. Bapak katon kuru, nalika iku. Aku isih ngarep-ngarep bapak ngendika lan wurung seda. Nanging tetep wae bapak meneng. Mesem ora, nesu ora. Aku ora nangis wengi iku. Nanging nalika sholat janazah, aku nangis. Seka mesjid tekan omahe masku, aku nangis. Aku disengeni Pak Lik-ku amarga nangis. Nanging aku wus ora kuwat maneh. Aku nangis dewekan ing kamar. Aku lagi sadar yen bapak seda, lan aku ora bakal ketemu maneh ing ndonya. Tekan saiki, terkadang aku ngimpi ketemu bapak.

Anehe, sak wise bapak seda, aku malah dadi ngrokokan. Jaman kuwi pancen abot tenan kanggoku. Sak durunge bapak seda, aku kelangan pacarku. Pacarku kang kapisan, lan pancen lagi pacaran ping pisan.